Ma’e-pa’e
(10.031/M.Mika Rizki)
Rika pancen segala-galane neng dunya
Nana seng nandingi nangdi-nangdi
Rika pancen segala-galane nganggo nyong
Nana seng ngluwihi nangdi-nangdi
Pengorbanane rika ora bisa di bales go apa-apa
Awan-bengi melek ngango anak-anake
Pengorbanane rika ora bisa ditung-itung akehe sepira
Awan-bengi luru doet go anak-anake
Rina-wengi donga go kesuksesan anak-anake
Rina-wengi netesake oloh nanggo anak-anake
Ora mampu nyong mbales jasa-jasane
Mokor bisa dungakna seng apik-apik bae
Maturnuwon sak katah-katahe
Maturnuwon nganggo sekabehane
Palingana rika jembar ati lan rizkine
Palingana oleh berkah neng dunya-akhirat
Khusnul khotimah ..
Amin yaa robal’alamin..

1 komentar:
hak cipta boy... wkwkwkwkwkwkwwk mantab....!!!
Posting Komentar